Kautaman Amal Shalih ing Awal Sepuluh Dina Sasi Dzulhijjah
KHUTBAH PERTAMA
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Sumangga kita sedaya ningkataken takwa dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sak temene-temene takwa. Yaiku kanthi nglakoni sedaya printahipun lan nilar sedaya laranganipun.
Wonten kesempatan ingkang mulya menika, khatib ngajak dhiri pribadi lan sedaya jamaah supados migunakaken dinten-dinten ingkang paling sae ingkang diparingaken Allah dhateng umat menika, yaiku sepuluh dinten kapisan wulan Dzulhijjah.
Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam sampun dawuh:
ما من أيام العمل الصالح فيها أحب إلى الله من هذه الأيام – يعني أيام العشر – قالوا : يا رسول الله ولا الجهاد في سبيل الله ؟ قال ولا الجهاد في سبيل الله إلا رجل خرج بنفسه وماله ثم لم يرجع من ذلك بشيء
“Ora ana dina-dina sing amal shalihe ana ing sakjerane dina-dina iku mau luwih ditresnani Allah kejaba dina-dina iki, yaiku sepuluh dinten kapisan Dzulhijjah.”
Para sahabat lajeng tanglet:
“Duh Rasulullah, dospundhi menawi kaliyan jihad wonten ing dalaning Gusti Allah?”
Nabi lajeng mangsuli: “Semana uga jihad ing dalane Gusti Allah ganjarane ora bakal bisa madhani karo amal-amal sik ditindake ana ing awal sepuluh dina sasi Dzulhijjah, kejaba wong sing jihad nggawa nyawa lan bandane banjur bali ora nggawa apa-apa (tegese mati syahid).”
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Hadits menika nedahaken bilih sepuluh dinten kapisan Dzulhijjah punika agung lan istimewa sanget. Ngantos-ngantos amal shalih ing dinten-dinten menika langkung dipun tresnani Allah tinimbang jihad, kejawi jihad ingkang paling ageng pengorbananipun.
Kenging punapa dinten-dinten menika mulya sanget? Amargi wonten ing salebetingipun ngempal sedaya ibadah ageng : shalat, puasa, sedekah, dzikir, haji, qurban, lan amal-amal sae sanesipun. Dinten-dinten menika minangka mangsanipun panen ganjaran. Kesempatan emas ingkang mboten mesthi saged kepanggih malih wonten ing gesang kita.
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Lajeng menapa ingkang kedah kita lampahi?
Sepisan: Ngathahaken dzikir dhateng Allah
Sumangga ilat kita tansah teles kanthi: takbir, tahlil, tahmid, lan tasbih. Ngocapne:
الله أكبر، الله أكبر، لا إله إلا الله، والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد
Amargi para ulama rumiyin nguripaken dinten-dinten Dzulhijjah kanthi takbir wonten griya, peken, lan masjid.
Kaping kalih: Ngathahake pasa sunnah
Mliginipun pasa Arafah kangge ingkang mboten tindak haji. Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam nerangaken bilih pasa Arafah saged ngilangaken dosa setaun kepengker lan setaun ingkang badhe dhateng.
صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ
“Puasa Arafah saged ngilangaken dosa setaun kepengker lan setaun ingkang badhe dhateng.”
Idul Adha taun menika tumiba dinten Rebo tanggal 27 Mei 2026, mila puasa Arafah kalampahan dinten Selasa tanggal 26 Mei 2026.
Kaping tiga: Sedekah lan nulungi sesami
Kathah sedherek kita ingkang nembe nandhang kasangsaran, kekirangan pangan, gerah, lan kesrakat kabetahan. Sumangga ampun kesupen kangge berbagi lan nulungi.
Kaping sekawan: Nindakaken ibadah qurban
Qurban punika syiar agung Nabi Ibrahim ‘Alaihissalam lan sunnah Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam. Qurban mboten namung nyembelih kewan, nanging ugi nyembelih hawa nefsu, kesombongan, lan kekathahan anggane tresna marang donya.
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Kathah sanget manungsa ingkang getun sasampunipun wekdal kaliwat. Dinten-dinten mulya menika badhe enggal sirna. Mila ampun ngantos kita dados tiyang ingkang supe lan luput.
Ginaken wekdal kangge: maos Al-Qur’an, nambah istighfar, ndandosi hubungan kaliyan kulawarga, lan nambah amal kabecikan.
KHUTBAH KEDUA
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Sepindah malih mangga kita manfaataken sepuluh dinten kapisan Dzulhijjah kanthi saksae-saenipun. Ampun ngantos dinten-dinten mulya menika kaliwat tanpa ibadah lan ketaatan.
Saged kemawon menika Dzulhijjah pungkasan wonten ing gesang kita. Saged kemawon taun ngajeng kita sampun wonten ing alam kubur.
Mila saking menika mangga sami:ndandosi shalat, ngurmati tiyang sepuh, nyayangi kulawarga, adoh saking maksiat, lan nambah amal ingkang dipun ridai kaliyan Gusti Allah. Mugi Allah nampi sedaya amal ibadah kita, ngapunten sedaya kalepatan kita, lan maringi kesempatan dhateng kita kangge pinanggih kaliyan Idul Adha kanthi kebak berkah lan rahmatipun.

