• Meneladani Generasi Terbaik Bersama AbuHudzaifah.com | Pusat Kajian Islam • Sejarah Sahabat Nabi• Inspirasi Sunnah • Dakwah Sunnah
Banner Pesantren

Khutbah Idul Adha Basa Jawa Ringkes 2026: Nuladani Pengurbanan Nabi Ibrahim ing Tengah-tengahe Pacoban Kangga Bangsa Indonesia

Khutbah Idul Adha Basa Jawa Ringkes 2026: Nuladani Pengurbanan Nabi Ibrahim ing Tengah-tengahe Pacoban Kangga Bangsa Indonesia
Bagikan

KHUTBAH PERTAMA

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kula wasiyat dhateng diri kula piyambak lan dhateng para jamaah sedaya supados tansah ningkataken takwa dhateng Allah ﷻ kanthi nglakoni sedaya dhawuh-Nipun lan nilar sedaya larangan-Nipun. Awit namung kanthi takwa, gesang manungsa lan bangsa badhe pikantuk berkah saking Allah ﷻ.

Allah ﷻ ngendika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

“He wong-wong kang padha iman, padha takwa-a marang Gusti Allah kanthi sakbenere takwa, lan aja sira mati kejaba ana ing kaanan Islam.”
(QS. Ali ‘Imran: 102)

Allaahuakbar 7x Laailaahaillallaah Allaahuakbar Walillaahilhamd

Jamaah Idul Adha ingkang dipun mulyaaken Allah,

Dinten menika kita ngrayakaken Idul Adha, dinten agung ingkang mulang babagan pangurbanan, keikhlasan, lan ketaatan kanthi sampurna dhateng Allah ﷻ. Kita ngemut-emut keteladanan Nabi Ibrahim ‘alaihissalam nalika dipun dhawuhi nyembelih putranipun, Nabi Ismail ‘alaihissalam.

Dhahawuh menika abot sanget. Nanging Nabi Ibrahim boten ndhisikaken raos, bandha, kulawarga, utawi kepentingan donya ngungkuli dhawuh Allah. Menika dados piwulang ageng kangge umat Islam.

Wonten ing tengah-tengahe kondisi bangsa Indonesia sakmenika, nilai pangurbanan Nabi Ibrahim sanget cocok lan relevan. Kita gesang ing zaman ingkang kebak pacoban: ekonomi abot kangge masyarakat tartamtu, kabutuhan gesang saya mundhak, kesenjangan sosial, kathah pejabat korupsi lan penyalahgunaan wewenang, rusake moral, fitnah lan kebencian wonten media sosial, uga bencana alam lan karusakan lingkungan ingkang tansah ngelingaken manungsa supados bali dhateng Allah.

Kathah tiyang ngoyak jabatan nanging kesupen amanah. Kathah ingkang ngoyak kauntungan nanging ngedalaken lan ngalalaken sedaya cara. Dene Idul Adha mulang bilih tiyang mukmin kedah siyap ngurbanaken hawa nepsunipun kangge taat dhateng Allah.

Allah ﷻ ngendika:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ

“Daginging kewan kang giwane Qurban lan getihe, iku ora konjuk ing Allah. Dene kang konjuk ing Allah iku penggawe becik klawan gemolonging ati kanthi bektimu (taqwa) ing Allah”.
(QS. Al-Hajj: 37)

Mila hakekate kurban boten namung nyembelih kewan. Nanging nyembelih kaserakahan, egoisme, kedzaliman, korupsi, kemalesan, lan tresna luwih marang donya.

Allaahuakbar 5x Laailaahaillallaah Allaahuakbar Walillaahilhamd

Jamaah rahimakumullah,

Indonesia boten badhe dados negara ingkang kiyat namung liwat pembangunan fisik. Negara menika mbutuhake manungsa-manungsa ingkang jujur, amanah, lan wedi dhateng Gusti Allah.

Menawi para pemimpinnipun jujur, rakyatipun njaga shalat, para pedagang nilar kacurangan, generasi mudanipun njaga akhlak, lan tiyang sugih peduli dhateng fekir miskin, mila berkah badhe tumurun saking langit lan bumi.

Allah ﷻ ngendika:

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ

“Umpama para penduduk ana sakwijine negara iku padha gelem iman lan takwa, mesthi Allah bakal mbukak berkah saka langit lan bumine.”
(QS. Al-A’raf: 96)

Mila saking punika, momentum Idul Adha kedah dados momentum muhasabah nasional: para pejabat ndandani amanah, para ulama ngiyataken dakwah, para tiyang sepuh ndandani pendidikan anak, para pemuda ngedhohi maksiat, lan sedaya rakyat ngiyataken persatuan.

Aja nganti bedane politik, suku, lan golongan ndadosaken bangsa menika padha sengit. Kita sedaya sedherek sesami muslim lan sesami anak bangsa.

KHUTBAH KEDUA

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Mangga kita ndhadheaken Idul Adha menika dados titik perubahan kagem awakipun piyambak. Ampun ngantos remen kaliyan sandhangan anyar lan panganan ingkang kathah, nanging kedah nglairaken semangat pengurbanan wonten ing gesang kita.

Mangga kita bantu sedherek-sedherek kita ingkang kasusahan ekonomi. Mangga kita gesang prasaja. Mangga kita tebihi korupsi sinaosa menika sekedhik. Mangga kita didik anak-anak kita kanthi Al-Qur’an lan sunnah Nabi ﷺ.

Awit rusake sawijining bangsa boten dipun wiwiti ambrukipun gedhung-gedhung, nanging dipun wiwiti saking rusake moral manungsanipun.

Rasulullah ﷺ ngendika:

كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ

“Saben-saben sira iku sakjatine pemimpin lan saben-saben sira bakal dijaluki tanggungjawabe.”
(HR. Bukhari lan Muslim)

Mugi Allah njaga negara Indonesia: dipun paringi keamanan, dipun tebihakén saking perpecahan, dipun paringi pemimpin ingkang adil, rakyat ingkang bertakwa, lan berkah ingkang melimpah.

SebelumnyaKhutbah Idul Adha Ringkas 2026: Meneladani Pengorbanan Nabi Ibrahim di Tengah Ujian Bangsa
Tidak ada komentar

Tinggalkan Balasan